kumpulan geguritan

Mangsa Ganjil
Siji, telu, lima, pitu, … … … sangangpuluh sanga,
tung entungane angka,
ning ora angger ngetung tumtrabe wong jawa.

Mestine wis nganggo petung sing premana,
tumrabe nyedhekahi marang sing wis ora ana ing alam donya,
ing malem-malem ganjil,
ganjile tumrab tung etungane angka,
nanging kabeh wis kapetung sing ngemu makna.

Beda makna tumrab ganjile sing ora genep,
kang bisa karan kurang jangkep,
ngrusak tatanan sing wis trep.

beda makna tumrabe sing lagi mangsa,
kang bisa karan mangan, nyaplok, nggaglag kanti meksa,
ra prelu mikir sapa sing dimangsa.

Mangsa ganjile sing wicaksana,
duwe etung lan petung,
tinggalane leluhur kang pinunggul,
mangsa wayah laku pasa lan tapa,
kanggo sangu urip, pungkure urip saka donya.
Semarang, 20 September 2012
Mangsa Pacoban
Iki jaman, jamane tambah saya ora karuwan,
critane simbah, rikala jamane, ya ora karuwan,
ngendikane simbah, urip kuwi pancen kebak pacoban.
                “nggih leres mbah, saniki kathah tiyang ingkang pacebukan,
                   kathah ingkang kapusan, klendran,
    lali sakabehe kwajiban.”

Iki jaman, jamane tambah saya ora karuwan,
padha nglali tatanan, ninggalke paugeran,
tibane padha regejegan.
                (golek bebener, nyalahke liyan,
                  sing kliru digugu, sing bener kateter,
                   tatanan lan paugeran mung kanggo tenger lan dolanan).

Iki jaman, jamane tambah saya ora karuwan,
Simbah isih ngeyel, iki jamane pacoban,
kudu diadepi kanti teteging ati,
kudu dilakoni kanti laku sing premadi.
                (pancen bener simbah, Permadi ya Janaka,
                  suka laku pasa lan tapa,
                   entuk-entukane mboyong putri lan wanita).

“Pancen bocah saiki, angel dituturi … … … “
Semarang, 20 September 2012

Mangsa Tandur
Ketiga ngingking, kabeh garing,
wit-witan, sato kewan, gering,
barat ora kemlebat, banyu ra gemuyu,
nelesi jagad sing kuyu-kuyu.

Oalah cabang bayi,
semut ireng anak-anak sapi,
kabeh dikukupi kanggo kepentingane dhewe,
mata peteng ra mikir sing keri,
ninggali nggo tembe mburine.

“Cempe-cempe undangke barat gedhe,
                  tak opahi duduh tape,
                  udan banyu tibakke rene.”

Lemah teles, gusti sing mbales,
iki piwales, marang sing nggrantes,
miliha wiji sing mentes,
tandurana, rumatana sing prayoga,
bakal thukul tanduran, wit lan woh sing ngrembaka.

Mangsa tandur sing ati-ati,
Milih wiji kanti setiti,
Akeh wiji katon nyengsemke ati,
Salah milih bisa nyilakani.
Semarang, 20 September 2012

Lintang Panjer Esuk
Ing pereng wetan rada ngalor,
sumunar cahya kang wis tak kira,
kuwi lintang panjer esuk,
nanging aku isih ora precaya,
bener lintang apa cahya jinis liya?

Mripat tak bukak amba-amba,
mbok menawa ndaru sing arep tiba,
salah mangsa,
jebul ora,
pancen lintang panjer esuk sing rada beda.

Tak pandeng, tak penthelengi,
mripat iki kaya leleh,
lintange ora obah, ora geseh,
cahyane ambyor nrabas petenge wengi.

Lintang panjer esuk,
gawe obah wadhagku, gawe geseh pikirku,
Gusti maringi tandha,
Pikiran iki othak-athik makna,
Tetep buntet, mbulet udhet.

Tak bukak betaljemur adamakna,
setu paing, gunggunge paling tuwa,
pikiran tambah ngambrawara,
jagad saya tuwa …
jaman saya tuwa …
nagara saya tuwa …
prekara tambah tuwa …
knapa pikir iki ora tambah tuwa.

Lintang panjer esuk,
sing metu ngarepi esuk,
Gusti maringi tandha?
kuwi mung pikir sing kegedhen rumangsa.
Semarang, 20 September 2012

Mbulane Nanggal Kapisan
Katon nylirit, merit,
alise wanita pawicaran,
kembang lambene kembang padesan,
dadi rerasan kaum priya,
Alise nanggal kapisan,
Ngibaratke mbulan sing lagi nanggal,
Kapisan.

Mbulan nanggal kapisan,
katon nylirit, merit,
wayah surup, lekase srengenge angslup,
ing pereng kulon,
kasaput mega candhikala.

Kala digatekna,
kanggone pamuka agama,
bisa-a dinggo tandha,
nanggal kapisan tibane wulan apa.

(asringe ora digatekna, saliyane wulan riyaya).

Asringe para pamuka agama,
regejegan beda swara,
apa pancen kudu ngana,
agama kanggo srana,
regejegan golek kawula.

“assalamu’alaikum mbulan,
  tuwa mbulan, nom tanggal, nom-nom aku.”
Semarang, 20 September 2012

Srengenge Ngglewang Mangulon
srengengene wis ngglewang mangulon
lumakune wis separo dina
nglereni samubarang sauntara
nyisihke wektu manembah kang kuwasa

srengengene wis ngglewang mangulon
pas sandhuwure mustaka
ubun-ubun iki krasa mlethek-mletheka
wayah ketiga srengenge kaya ra duwe duga

srengengene wis ngglewang mangulon
kadang tani ngeyub nang gubugan
kipasan caping, nyawang tanduran
pikire nglambrang ra ana tujuwan
kelingan utang,
nyaure ngenteni panenan
semarang, 21 Sept. 2012

Puspa Tajem
Wengi iki,
pancen wis tak niati,
niat ingsun ngadhep mring Gusti.

Wengi iki,
ora kaya wengi-wengi sadurunge,
tak lon-loni turu sore,
betheke tangi bisa tengah wengi.

Wengi iki,
Piranti sesuci cumepak pepak,
Jedhing kebak Kembang setaman.

Wengi iki,
mbuh apa sing tak goleki,
karep ati pingin sesuci,
manekung, manembah, ngadhep Gusti,
ing lingsir, tengah wengi.

apa aku kangen mring Gusti …
apa Gusti kangen marang aku …
aku rung ngerteni,
mengko esuk tak critani.
21 Sept. 2012

Brokohan
brokohan ya krayahan
rebutan pangan lekas babaran
adat paugeran wis kalis jaman
isih uga dilakoni
nuhoni apa merga wedi
kuwalat, kuwatir kesrakat

brokohan jaman saiki
ra perlu ngenteni babaran
ngrayah rupiyah lemari pamrintah

matek-a aji kodhok mlongok
cecak baya nek perlu disogok
ben wae bengak-bengok
asline lholhak-lholhok
21 Sept. 2012

JAMURAN
yo pra kanca dolanan nang njaba
padhang mbulan, padhange kaya rina
… … … … … …
padhang mbulan wengi kuwi
bocah-bocah padha ngumpul nang pkarangan
srawung kanca sapantaran
ublek umyek nyang-nyangan dolanan
: dolanan betengan
: cublak-cublak suweng wae
: piye yen gobak sodor
pungkase rembug, Jamuran kang kalogan
jamuran, ya gegethok,
jamur apa ya gegegthok,
… … … … …
gurit iki mung pangeling kandha
dolanan kuwi saderma ngleluri
kagiles mangsa
njamure dolanan jaman saiki
sarwa kiriman saka manca
jamuran, betengan, engklek, ri-uri
apa kudu ngenteni
mbulan padhang nang pkarangan
mbulane wis kalah padhang
pkarangane wis ora jembar
jamur gajih mbejijih saara-ara
sira njaluk jamur apa … … …
21 Sept. 2012

SATEMENE
(Kedhok lan Busana)

Asu sak anake… kirik
Babi, celeng, sak anake… genjik
Bajing,
Kethek, Munyuk,
Wedhus!

Jek ra patia sara…
Jaran, Jangkrik, Kadal, Tekek, Bulus,
Apa isih ana sing rung sinebut?
              
satemene kowe, Su!
lan sakancamu
seneng apa sara,
yen asring sinebut dening menungsa?

yen aku, Su!
kena karan wakile menungsa
kok ora lila yen kowe, Su… lan sakancamu
tan kena sinebut, kanti blakasuta

satemene kowe, Su… lan sakancamu
sara apa malah rumangsa
mulya…
nanging akeh menungsa sing
kedhokan lan busana jawa
isih durung bisa narima.

banjur aku lan kowe, Su… uga sakancamu
kudu nyebut apa?
waung, segawon…
apa ya ra padha makna?

yakuwi mau, kedhok lan busana.

Su! Kok meneng wae, to?
malah melet-melet lan plolak-plolok, thok!
Bumi Sekaran, 20/2-2013.


Share this:

ABOUT THE AUTHOR

Lahir di Jepara, Desember 1960. Sejak SD, dia hobi membaca majalah Panjebar Semangat. Karena itu, sekarang dia sangat senang menulis dalam bahasa Jawa, baik puisi, cerpen, dongeng, maupun naskah drama. Bukunya yang telah terbit adalah naskah drama berjudul Gayor (1998) dan dongeng pada tahun 2008 berjudul Roro Jonggrang Nagih Janji, Nawang Wulan Bali Kayangan, Lutung Kasarung, Ciung Wanara, dan Naga Baru Klinthing. Buku terbarunya sebelum buku tips mendongeng ini adalah Blakotang: Geguritan Blakblakan (Gigih Pustaka Mandiri, Februari 2012) dan antologi dongeng media literasi Pocong Nonton Tivi (LeSPI dan Tifa, Mei 2012). Oktober - November 2012 dan Maret - April 2012 memberikan workshop kepenulisan bagi murid-murid SD Pesona Astra dan SD Surya Persada Pangkalanbun, Palangkaraya, Kalimantan Tengah, hingga melahirkan dua buku kumpulan cerita anak sawit: Jin Pohon Sawit (Gigih Pustaka Mandiri, April 2012) dan Hutan Larangan (Gigih Pustaka Mandiri, Juni 2012).

0 komentar:

Posting Komentar